Sabtu, 17 November 2012

Contoh Wawan Rembug


Wawan Rembug Babagan Ekonomi

Reregan Sembako Kang Pada Mundak

Tokoh :
1.       Pak Panji          (Wong Adol) (24)
2.       Mbak Fawzia   (Wong tuku)   (10)
3.       Mbak Hanifah (Wong tuku)   (14)
4.       Mbak Mutia     (Wong tuku)   (21)

Ing wawan rembug ing ngisor iki ana wong papat sing padha rembugan babagan reregan ing sawjining pasar.
Ing sawijining dina Pak Panji ingkang sadean sembako wonten Pasar Tanjung ditukoni wong telu.

Mbak Hanifah : “Pak, kula tumbas uwos 5kg.”
Pak Panji          : “Uwos ingkang menapa mbak? Menthik Wangi, Raja Lele, napa C4?”
Mbak Hanifah : “Menawi Menthik Wangi reginipun pinten pak?”
Pak Panji          : “8200 rupiah sak kilone, mbak. Mindak 500 sakin regi kala wingi.”

Sauntara kuwi, teko wong 2 arep tuku wonten kiose Pak Panji.

Mbak Fawzia   : “Pak tumbas gendhis 3kg.”
Pak Panji          : “Inggih mbak, kula pundutke.”
Mbak Hanifah : “Eh, Mbak Fawzi, badhe tumbas menapa mbak?”
Mbak Fawzia   : “Menika badhe tumbas gendis mbak. Kangge damel roti kaliyan kanca kula, tepangaken niki Mbak Mutia.”
Mbak Hanifah : “Ohhh...” (Salaman kalian Mbak Mutia )

Mbak Mutia     : “Mbak Hanifah badhe tumbas menapa mbak?”
Mbak Hanifah  : “Menika badhe tumbas uwos, mbak.”
Mbak Mutia     : “Wah mbak regi uwos mindak malih nggih.”
Mbak Hanifah  : “Inggih mbak regi uwos mindhak malih, mindhak 500 rupiah.”
Mbak Fawzia   : “Sakniki napa-napa mindhak mbak. Regine reregan ora tau mudhun, nanging blanjane mboten mindhak.”

Sawentara kuwi, Pak Panji teka nggawa blanjane ingkang dipesen mau.

Mbak Mutia     : “Sakniki reregan mindhak kathah nggi, Pak?”
Pak Panji          : “Inggih mbak, saben minggu regi sembako midhak terus.”
Mbak Mutia     : “Lha saumpami dipikir, dhuwit rupiah sakniki luwih aji katimbang rong sasi kepungkur, tapi malah rega mindhak terus.”
Mbak Fawzia   : “Bener Mut, nanging durung mesthi banjur rega-rega melu mudhun. Nyatane saben minggu mundhak terus.”
Mbak Hanifah  : “Lah iki, PR kanggo pemerintah ndandani perekonomian ing Indonesia iki supaya rayate saged sejahtera, ayem tentrem, gemah ripah loh jinawi. Lak yo ngoten ta Pak Panji?”
Pak Panji          : “Inggih mbak. Mugi-mugi mangkeh regi-regi saged enggal-enggal mudhun.”
Mbak Fawzia   : “Nggih dingge prihatin mawon lah mbak, nyandang lan mangan sak cukupe mawon. Ingkang luwih wigati, bergizi, lan sehat.”

Banjur Mbak Hanifah lan Mbak Fawzia mbayar blanjane mau.

Mbak Hanifah  : “Yowis, dhisik yo mbak. Aku arep tuku daging dhisik.”
Mbak Fawzia   : “Oh, iyo mbak. Aku lan Mutia uga arep bali dhisik.”
Mbak Mutia     : “Andhum slamet, mbak.”

Mbak Hanifah, Mbak Mutia, lan Mbak Fawzia : “Pareng Pak.”
Pak Panji          : “Nggih, suwun mbak.”






---Nuwun---

Tidak ada komentar:

Posting Komentar